Nuswantara

 

        
                                                                  Nuswantara





                                                          Gumelar wiyar bumi basundari

Sunare Sang diwangkara aweh pepadhang

Sumringah gawe gesanging nuswantara

Indonesia ...

 

Nanging kahanan kang edi edhum

Kajuwing-juwing dening rasa

Rasa kang ngasorake liyan

Rasa kang ngalahake samubarang

 

Pakurmatan lan tepa selira wus sirna

Karukunan wus musna tan kinira

Kang utama mung amrih jaya lan ngasorake

 

Rumangsa bener ing sadhuwure bener

Pasulayan sanalika tan bisa kaendha

Ludira kang dadi tumbal Rah kang dadi rega

Rega tumrap rasa dhiri

 

Dadi sing paling pinunjul

Antarane maneka suku ing Indonesia

Sumatra, Kalimantan, Sulawesi

Jawa, Bali, Papua

Maneka suku bangsa budaya kang nuwuhake kaendahan

Kang ndadekake kita manunggal

 

Singkirana rasa cubriya kang gawe bubrah

Elinga maneh apa ancase gesang

Ora liya mung nggayuh kabagyan

Kang mung bisa rinipta lumantar karukunan

                                                              Karukunaning bangsa lan Negara

Komentar

Postingan Populer